Rabu, 24 Oktober 2012

Ojo Luwas Marang Kanugrahane Allah


Ojo Luwas Marang Kanugrahane Allah

“Ojo nganti ono opo suwene mongso tekane pengarep ing dalem sertane anggujeki ing dalem do’a iku natrapi marang luwas niro, sebab Allah njamin ditompone do’a nanging miturut pilihane Allah dudu miturut pilihan niro lan ing wektu kang dikersakaken Allah dudu ing wektu kang siro kersakake”

Yen sira dungo, nuli suwe durung disembadani dening Allah tegese opo kang ko suwun durung diwuhudake dening Allah tur sira tansah anggujeki marang Allah iku ojo kongsi dadi sebab sira luwas utowo putus asa saking kanugrahane Allah. Kerono luwas sira iku timbul sangking nyawang kedudukan do’a dadi sebab diparingi lan nyawang oleh nira methentheng nyuwun gandeng karo hajat niro. Dadi sira iku sembrono gandeng karo opo kang dimaksud dening do’a yoiku ngetok-ngetokake butuh nira marang Allah lan langgenge madep marang Allah kanthi munajat yoiku do’a.

Penjelasan :
Wong Islam iku ono werno telu :
1.       Wong kang nejo Pengerane kanthi masrahake awake, nuli biso oleh ridhone lan biso langgeng oleh gandulan marang Pangerane tingkah ono utowo ora ono. Wong kang mangkene iki ora gelem mundur yen panuwune suwe lan durung disembadani lan ora mundur kerono liyane.
2.       Wong kang tetep do’a ono ing lawange Pengeran tegese terus madep kanthi gumandul marang janjine lan nunggu keputusane. Wong kang mangkene iki tansah bali marang awake, nganggep awake sembrono lan ora netepi syarat olehe do’a olehe do’a naliko durung disembadani. Sebab pandangan kang mangkene iki nuli wong iku luwas ninggalake do’a lan kadang-kadang bali do’a maneh. Lan yen diparingi gampang atine nganggep yen syariat Islam (peraturan Islam) iku banget baguse.
3.       Wong kang do’a ono ing lawange pengeran kanthi didampingi kanthi macem-macem alasan, tansah lali, tansah nyuprih opo kang dadi sejane, tanpo ngawasi peraturan lan hukume Allah. Wong kang mangkene iki kadang-kadang mamang terhadap janjine Allah Ta’ala.

Yen siro do’a  nuli durung disembadani dening Allah, tegese opo kang siro suwung durung di wujudake dening Allah tur siro tansah anggujeki marang Allah, iku ojo kongsi dadi sebab siro luwas utowo putus asa sangking kanugrahane Allah. Kerono sopo bae wong kang do’a (nyuwun) marang Allah iku mesthi disembadani. Mung bae panyembadane Allah iku miturut opo kang dikersakake dening Allah ora miturut opo kang dadi kekarepan lan pilihan niro. Lan wujude opo kang siro suwun iku wektune miturut opo kang dikersakake Allah, ora miturut kekarepan niro.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar