Ojo Luwas
Marang Kanugrahane Allah
“Ojo nganti ono
opo suwene mongso tekane pengarep ing dalem sertane anggujeki ing dalem do’a
iku natrapi marang luwas niro, sebab Allah njamin ditompone do’a nanging
miturut pilihane Allah dudu miturut pilihan niro lan ing wektu kang
dikersakaken Allah dudu ing wektu kang siro kersakake”
Yen sira dungo, nuli suwe
durung disembadani dening Allah tegese opo kang ko suwun durung diwuhudake
dening Allah tur sira tansah anggujeki marang Allah iku ojo kongsi dadi sebab
sira luwas utowo putus asa saking kanugrahane Allah. Kerono luwas sira iku
timbul sangking nyawang kedudukan do’a dadi sebab diparingi lan nyawang oleh
nira methentheng nyuwun gandeng karo hajat niro. Dadi sira iku sembrono gandeng
karo opo kang dimaksud dening do’a yoiku ngetok-ngetokake butuh nira marang
Allah lan langgenge madep marang Allah kanthi munajat yoiku do’a.
Penjelasan :
Wong Islam iku ono werno telu
:
1. Wong kang nejo Pengerane kanthi masrahake awake, nuli biso oleh
ridhone lan biso langgeng oleh gandulan marang Pangerane tingkah ono utowo ora
ono. Wong kang mangkene iki ora gelem mundur yen panuwune suwe lan durung
disembadani lan ora mundur kerono liyane.
2. Wong kang tetep do’a ono ing lawange Pengeran tegese terus madep
kanthi gumandul marang janjine lan nunggu keputusane. Wong kang mangkene iki
tansah bali marang awake, nganggep awake sembrono lan ora netepi syarat olehe
do’a olehe do’a naliko durung disembadani. Sebab pandangan kang mangkene iki
nuli wong iku luwas ninggalake do’a lan kadang-kadang bali do’a maneh. Lan yen diparingi
gampang atine nganggep yen syariat Islam (peraturan Islam) iku banget baguse.
3. Wong kang do’a ono ing lawange pengeran kanthi didampingi kanthi
macem-macem alasan, tansah lali, tansah nyuprih opo kang dadi sejane, tanpo
ngawasi peraturan lan hukume Allah. Wong kang mangkene iki kadang-kadang mamang
terhadap janjine Allah Ta’ala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar