Kamis, 04 Oktober 2012

Maqom Kawulo Ono Ing Dunyo Hikam Mbah Mishbah


“Yen siro dipapakake dening Allah ono ing maqom asbab, tegese mergawe nuli siro anduweni karep manggon ono ing maqom tajrid tegese arep ibadah tanpo mergawe, iku saktemene setengah sangking kesenengane nafsu. Yen siro dipapakake dening Allah ono ing maqom tajrid nuli siro karep manggon ono ing maqom asbab tegese ibadah kelawan mergawe iku saktemene siro kelorot sangking sejo kang luhur.”

Penjelasan :
                Wong kang mukmin iku mesthine kudu nyampurnakake iman kanthi mikir-mikir ayat-ayate Allah lan ngakeh-ngakehake ibadah luwih-luwih kapan ngerti yen tujuan urip iku miturut Al-Qur’an yo iku ibadah.
                Nanging sakwuse ono semangat ibadah kadangkadang anduweni panemu yen salah suwijine perkoro kang ngrepoti ono ing olehe ibadah yo iku mergawe. Banjur kepingin lepas soko mergawe lan arep urip melulu ibadah. Kekarepan kang koyo ,angkene iki kalebu stengah sangking kesenengan nafsu kang samar. Sebab dewekne ninggalake kedudukan kang ditetepakr dening Allah kanggo awake.
                Mulo samar karana dhohire dewekne anduweni karep anjungkung ibadah, nanging batine bisoho ing dino mburi dihormati wong akeh. Akibate banjur pegot sangking opo kang dadi tujuane. Kosok baline  sakweneh kawulo iku ono kang diparingi biso melaku ibadah tanpo mergawe upomo telat rizqine atine tenang ora gelisah. Kedudukan kang mangkono iku diarani maqom tajrid.
                Nanging kadang-kadang sebab ganguane setan, anduweni karep mergawe koyo wong-wong akeh. Kekarepan kang mengkono iki prasasat ngelorot awake dewe sangking cita-cita kang luhur lan sangking kedudukan kang luhur. Kerono karepe wong kang diparingi kedudukan tajrid iku kawulo pilihane Alla Ta’ala.

Qoola al Syarih :
                Kang aran maqom asbab yo iku urip ibadah kelawan mergawe golwk rizqi kanggo sangu inadah. Tanda-tandaane kawulo manggon ono ing maqom asbab penggaweane kang dadi sumbere rizqine disediakake dening Allag lan naliko mergawe kawulo mau biso selamet agamane. Ora anduweni marang milike wong liyo, lan penggaweane iku ora nunggkulake kawulo mau sangking pamestiyan ibadah kang pertelo, lan ora ngilangake solah tingkahe ati kang bagus.
                Kang aran tajrid yo iku urip ibadah tanpo mergawe lan ora anduweni sumber rizqi babar pisan. Mulane kekarepan tajrid (sepi sangking sebab tekone rizqi) kang koyo mangkono iku dianggep setengah sangking syahwat (kang aran syahwat yo iku grumegahe nafsu anggoleki opo kang cocok Karo watak) kerono siro ora gelem mapakake awak miturut opo kang dikersakake Allah lan siro nyatujoni opo kang dikarepake nafsu niro.
                Mulane dianggep setengah sangking syahwat kang samar kerono yen ningali dhohire, kekarepan tajrid niro iku arep anjungkung ibadah marang Allah lan bisoho keparek marang Allah. Nanging saktemene siro iku anduweni karep biso masyhur nganggo sebuta waliyullah. Perlune supoyo diziarohi dening masyarakat kelawan neqodake kewalian niro lan supoyo keparek marang siro. Akhire siro banjur ninggalake opo kang dadi tujuan niro.
                Poro ulama arifin wis podo dawuh “Madepe masyarakat marang murid sakdurunge sampurnane awake iku podo karo racun kang biso mateni wong.” Lan terkadang sebab oleh niro tajrid ninggalake sebab iku siro nuli ninggalake opo kang dadi wiridan niro lan siro nuli arep-arep pawewehe masyarakat.
                Mulane dianggep kelorot kerono siro anduweni karep bali marang masyarakat sakwuse atine tansah gandulan marang  Allah. Upamane lagi ningali pergaulan karo wong ahli   dunyo iku bahe wus biso dimangerteni yen wong kang mangkono suwijine wong kang asor cita-citane. Dadi yen siro ngelakoni suluk iku wajib netepi ono ing opo kang wus adi kersane Allah lan kudu ridho. Yen ono ing maqom tajrid ojo nganti ninggalake tajarrud nuli mergawe.
Lan yen ono ing maqom asbab ugo ojo ninggalake sebab nuli tajrid. Hinggo Allah dewe kang mindahake sangking siji kedudukan marang kedudukan liyo. Ojo nganti metu sangking kedudukan tajrid utowo asbab, nuruti nafsu lan olehe mahes-mahesi setan kang mumkin biso dadi sebab pegot sangking ngadep marang Allah. Wal ‘iyaadu billah.

Faidah :
Dawuhe syekh Zaruq mangkene : “Wong kang ibadah iku werno loro :
1.       Wong kang dipapakake ono ing maqom sebab. Hukume Wong iku kudu ridho kudu sabar lan pasrah marang Allah. Tandane yen dewekne ono ing maqom sebab dewekne biso ajeg ono ing penggawean iku kelawan oleh hasil kang kaprah. Artine ono ing sakjerone nglakoni asbab iku tansah biso nindakake kuwajiban agama.
2.       Wong kang dipapakake ono ing maqom tajrid. Hukume wong iku kudu syukur lan mempeng ibadah ora leren-leren lan ora sembrono. Tanda-tandane dewekne tansah biso nindakake kewajiban-kewajiban agama lan mengo sangking  masyarakat.

Wong kang ono ing sakjerone maqom tajrid lan maqom asbab, hukume wong iku kudu ngati-ngati ono ing perkoro olehe pindah sangking siji sebab marang sebab liyo, kang akhire biso duweni panemu yen maqom sebab ora patut kanggo dewekne, hinggo sah tegese bener-bener yen dewekne kudu manggon ono ing maqom tajrid. Semono ugo kosok baline kerono ngalamate manggon ono ing siji maqom iku wonge biso istiqomah tegese ajeg kelawan nindakake kewajiban-kewajiban agama.

Qouluhul Himmah Al Aliyah :
                Kang aran himmah yo iku grumegete ati tumuju marang maksud tertemtu. Gedhe cilik himmah luhur lan asore himmah gumantung marang gedhe utowo cilike maksud. Himmah wong Islam kang paling gedhe yo iku himmahe wong kang arep ngamalake opo kang dadi isine al-Qur’an lan Hadits Rosulullah Shallallahu ‘alahi wa sallam.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar