Sabtu, 30 November 2019

Ndolani Kanca

Ndolani Kanca
Dening: Joyo Juwoto


Alhamdulillah, awan Iki atiku seneng banget, bungah ra kaprah-kaprah. Sebabe aku iso ndolani kancaku, sing wis suwe ra ketemu. Kanca naliko ning SD. Asmane Kang Sumadi sing saiki manggon ing tlatah Bojonegoro. Aku ya pengin dolan lan silaturahmi ning kanca-kancaku liyane. Mugi-mugi kasembadan opo kang dadi kekarepane atiku.

Pas wayah dolan aku disuguhi kopi ireng. Anget-anget seger, tur maknyus sruputane. Sakliyane kuwi ono uga bakso. Wis komplit.
 Pokoke. Alhamdulillah berkah silaturahmi, mugi-mugi dadi jalaran awak sehat, lan manfaat. Shohibul bait ugi pikantuk rejeki Gangsar kang turah-turah saha berkah.

Sakwuse ndolani kancaku mau, aku pamitan mantuk, amerga wis nyedaki wayah Jumatan, banjur aku mampir masjid Gedhe ing kutho Bojonegoro,  nglampahi wajibing Gusti nindaake sholat Jumat.

Saking jarak kang iseh lumayan adoh saka masjid, pas iseh ing dalan aku wis krungu khutbahe khotib kang disiarke nganggo toa. Suarane banter tur jelas banget.

Inti khutbahe mangkene, "Naliko hari pembalasan ing akhirat, ono salah sijine Kawulo kang dilebetke neraka kalih Gusti Allah. Kawula Kuwi duweni kanca kang banget Sayange Karo dewekne. Kancane kawula mau kersane Allah kok mlebu suwarga.  Nanging, sakdurunge mlebu suwarga, dewekne tingak-tinguk nggoleki koncone kok gak ono. Akhire dewekne takon Karo malaikat.

"He...malaikat, opo Sira ngerti Fulan bin Fulan Iki? Malaikat njawab, oh, Kuwi panggonane Ning neraka."

Banjur wong Iki mau njaluk supaya kancane sing mlebu suwarga ditekno lan dijak bareng mlebu suwargo Karo dewekne. Alhamdulillah, penjaluke diijabahi kaliyan Gusti Allah. Dadi suk emben Kuwi kanca apik iso paring syafaat maring kancane sing mlebu neraka.

Tasih dawuhe khotib Jumat ing
Masjid alon-alon Bojonegoro Iki mau, Ing salah sijine dawuh, Kanjeng Nabi Nate ngendikan kalih Sayyidina Ali. "He...Ali, akih-akihno kekancan marang wong kang becik, soale kanca kang becik bakal iso nulungi awak nira besok ing tembe mburi."

Mekaten Niki wau, sekedik keterangan isi khutbah sing tak rungokke ing mesjid Gedhe Bojonegoro. Mugi-mugi kita pikantuk syafaatipun Kanjeng Nabi lan syafaatipun konco ingkang sae. Matur nuwun.


*Bojonegoro, 29 November 2019.*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar