Senin, 30 November 2020

Titi Mangsa

TITI MÅNGSÅ
Kariptå déning: Kang Joyo Juwoto

Nalikå jago wis pådhå kluruk
Ramé pådhå kemruyuk
Nalikå srengéngé wus katon mlethèk ing sisih wétan
Padhang byar madhangi bumi gumelar
Nalikå prawan désa såbå menyang blumbang
Angudi tirtå wening saking sendhang

Elingå yèn mångså iku dhudhuk watu
Mångså kuwi lumaku
Pindhå mégå ing angkåså
Kang tan owah gingsir ing rubedå

Sing cilik dadi gedhé
Sing peteng dadi padhang
Wong bodho pådhå dadi pinter
Sing pinter ngudi bebener

Èling-èling duk tekan titi mangsané
Mbesok ing jaman sulåyå
Kabèh ngaku bener
Rebut pinter
Ning jebulé malah keblinger
Pådhå rebut kuaså
Jebulé mung bisa gawé rekåså

Kabèh ngaku becik
Jebulé malah kuwalik
Kabéh ngaku tulådhå
Jebulé mung biså gawé memålå
Mulå manungså kang béjå punikå
Kang tansah ngudi èling lan waspådå


Bangilan, 14 Agustus 2020

Manunggaling Kawula Gusti


MANUNGGALING KAWULÅ GUSTI
Kariptå déning: Kang Joyo Juwoto

Wengi iki tan såyå ening
Swårå jangkrik lan sato anglir kepati
Sumiliré angin anggåndå wangi puspå melathi
Hyang wulan merbabak bang kencånå ing jumantårå
Amadhangi jagad salumahing bawånå

Ing antarané langit angkasa lan langit ing jroning dhådhå
Cahyå kumålå madhangi jagading jiwå
Memuji marang Dzat Kang Suci ing telenging ati
Hu hu hu kang tånpå upami

Duh Gusti sun tansah amemuji
Kelawan lair lan bathin
Kelawan dhohir lan sir
Hu såpå Irå såpå ingsun
Hu tan ånå Pengeran kajåbå Hu

Duh Gusti sun tansah amemuji
Marang Hu kang tan kenå kinåyå ngåpå
Lebur sirnå tan ånå rupå kajåbå Hu Kang Sejati
Hu Allah... 
Hu Råbbi... 
Hu... Hu... Hu...
Manjing manunggal antarané kawula lan Gusti


Bangilan, 14/10/2020