Jumat, 20 September 2013

Wewalere Ki Ageng Selo

Wewalere Ki Ageng Selo Eyang kiyai Ageng Selo iku sawijining Kiyai sing setiti ngati-ati. Saben-saben ana kedadian sing dadeake cilaka lan sengsara terus dieling-eling aja nganti nglakoni maneh. Malah putra wayahe uga diwanti-wanti aja nganti ngalami kedadean utawa nglakoni lelakon sing marakaake cilaka mau. Kang kaya mangkono iku diarani “WEWALER” tegese larangan. Ing ngisor iki tuladha wewaler saking Kiyai Ageng Selo : Ora kena dodol sega Nuju sawijining dina, ana tamu sowan Kiyai Ageng Selo. Tamu diaturi pasugatan dahar sega sauba-rampene, nanging tamu mau ora kersa dahar, merga mentas jajan sega saka warung. Eyang Kiyai Ageng Selo cuwa penggalihe, mula banjur nibaake wewaler “Poma-poma anak putuku aja pada dodol sega”. Ojo nandur waluh ing plataran ngarep omah Nuju sawijining dina Kiyai Ageng Selo lagi momong putrane ing pelataran ngarep daleme. Dumadakan ana wong edan ngamuk ngoyaki wong kampung. Eyang Kiyai Ageng nedya nyekel wong edan mau, nanging gandeng isih momong, mula luwih disik nylametake putrane, gegancangan diasta mlebu dalem. Saking kesusune Eyang Kiyai Ageng Selo dawah kesrimpet wit waluh sing ditandur ing plataran ngarep dalem. Mula wiwit dina iku Eyang Kiyai Ageng Selo ora marengake yen putra wayahe nandur waluh ing plataran ngarep omah.

3 komentar:

  1. ga boleh nanem pohon kluwih didepan rumah tuh karena begini toh... emmm,,, iya juga sih, soalnya pohon kluwih akarnya banyak yg keluar2 dari tanah gitu

    BalasHapus
  2. jangan lupa mengunjungi link teman yang lain...
    koment pertama sosialisasi dulu ya....
    cukup yang mengirim link promo pada hari tersebut

    insyaallah ke depan sudah mulai aktif untuk koment secara teratur.....

    keep blogging
    salam blogger tuban

    BalasHapus
  3. .permisi ya agan2 semua .....saya ingin ikut silaturahmi lewat blog gan....

    BalasHapus