Rabu, 10 Oktober 2012

Tadbir/ Syarah Hikam Mbah Misbah Bangilan


“He murid ! siro bisoho ngepenaakake awak niro. Ojo ngatur awak niro. Kerono becik alane awak niro ono ing perkoro ibadah lan liya-liyane iku diurusi dening liyo niro yoiku Allah Ta’ala. Opo bahe kang wus diurusi dening wong liyo iku siro ojo melu-melu ngurusi.”

                Kang dimaksud mushonnif iki tadbir kang ora dibarengi tafwid, tegese pasrah marang Allah. Upamane mengko aku arep mangkene lan mesthi tak tindakake. Yen tadbir iku dibarengi tafwid marang Allah iku keno bahe. Mandar becik. Lang mungguh sejatine tadbir kang dibarengi tafwid iku dudu tadbir. Songko iku Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh :

التدبير نصف المعيشة
Artine : “ Ngatur opo kang dadi keperluan iku separo sangking hasil golek pangupo jiwo.”

                Iki hadits ngandung anjuran supoyo wong Islam nganakake peraturan ono ing bab luru fadhole Allah Ta’ala.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar