Minggu, 07 Oktober 2012

Garis Pepesthene Pengeran


“He murid himmah kang tajem-tajem kang banget rikate yen ditujuake marang opo kang dikarepake mesti wujud, iku ora biso ambedah marang perkoro pestine Allah Ta’ala.

Dadi kekarepan niro ku ora ono ajine babar pisan. Kerono kekarepan niro iku lakune mesthi nunggu opo kang dadi kersane Allah Ta’ala. Dadi kang penting iku toto keromo, nunggu olehe mapakake Allah marang awak iro. Opo manggon ono ing tajrid opo mangon ing asbab kanti tondo-tondo kang kasebut.
                Kanjeng Nabi Muhammad Shollallahu alaihi wa sallam dawuh :

كلّ شيء بقضاء وقدر حتى العجز والكيس (رواه المسلم)

Artine : “Kabeh kedadean iku mesti lumaku atas qodho’ lan taqdire Allah hinggo apes lan pinter.”

Penjelasa :
                Ono ing peribadine manungso iku ono doyo tarik opo kang dikarepake manungso mau. Kaprahe kuat lan lembekke doyo tarik iku tergantun marang kuat utowo lembekke kekarepan. Doyo tarik iku diarani himmah.
                Himmah kang riket artine doyo tarik kang kuat banget. Himmah kang kuat iku ora biso nerobos ono ing pager pestine Allah. Hasile opo bae perkoro kang wujud utowo kedadean iku ora biso metu sangking pestine Allah. Dadi opo bae kang wus dialami dening wong kang ibadah iku kabeh ugo pestine Allah. Opo maneh himmahe wong kang ora quwwah.
                Dadi kang penting yoiku netepi ono ing maqome dewe-dewe. Nunggu pamindahan sangking Allah. Sangking maqom asbab pindah ono ing maqom tajrid. Utowo sangking maqom tajrid pindah pindah ono ing maqom asbab. Kaprahe pamindahan iki ono tondo-tondone.
                Wernone himmah ono telu :
1.       Himmah Qoosiroh, tegese himmah kang cekak yoiku himmah kang nimbulake azam tegese methentheng lan tabah ora mundur. Nanging tanpo ono perbuatan lan ora biso nyiptakake kedadean.
2.       Himmah mutawassitoh, tegese himmah kang tengah yoiku himmah kang umpamane wong kang methentheng biso nimbulake perbuatan lan yen wong tabah biso nimbulake kasampurna’an.
3.       Himmah saabiqoh, tegese himmah kang tajem yoiku kekuatan jiwa utowo daya tarik ati kang biso nimbulake siji kedadian tanpo kandek marang lantaran.

Qoola al Syaarih :
                Hikmah iki yoiku dawuh :
سوابق الهمم لا تحرق أسوار الأقدار

Iku amprehe dadi ta’lil tegese dadi sebab sangking dawuh sakdurunge yoiku “IRODATUKA TAJRID ... dadi koyo-koyo Kyai mushonnif iku dawuh mangkene : “He murid ! kekarepan niro marang opo kang dikersakake dening Allah iku ora ono gawene. Kerono himmah kang keras iku ora biso nyiptakake opo kang dadi maksude wong yen ora ono taqdir sangking Allah. Opo maneh himmah niro. Kekarepan niro ora ono gawene. Dadi dawuhe mushonnih SAWAABIQUL HIMAM ... iku ngandung arti nglerepake kekarepan murid kang ambulat-mbulat kang koyo opo kang dikarepake mestine anut marang dewekne, lan dewekne mesti biso ngasilake opo kang dikarepake. Himmah kang keras iku yen metu sangking waliyyullah  disebut karomah. Yen metu sangking wang fasiq koyo tukang sihir utowo wong kang landep mripate iku disebut penghinaan sangking Allah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar