Kamis, 11 Oktober 2012

Antarane Suprihan lan kewajiban/ Syarah Hikam Mbah Misbah Bangilan


Antarane Suprihan lan kewajiban

“Methenthenge siro marang barang kang wus disuprih kanggo siro, lan sembrono niro marang opo kang wus diwajibake marang niro, kuwi nuduhake tanda-tanda wutone ati peningal niro.”

Rizqine kawulo iku wus ditanggung dening Allah. Allah Ta’ala dawuh :
               
وما من دبّة في الارض الّا على الله رزقها

“Kabeh hayawan kang anggremet ono ing bumi iku Allah kang nangung rizqine.”

               
                Kawulo ono ing sakjroning urip ono ing bumine Allah iki diperintah supoyo ibadah. Ngagung-ngagungake Allah. Allah Ta’ala dawuh :

وما خلقت الجنّ والانس الّا ليعبدون

“Aku nggawe jin lan manungso iku namung perlu supoyo podo ibadah marang Aku”

                Dadi yen ono kawulo mempeng ono ing bab golek rizqi, nanging dewekne sembrono ono ing ibadah iku nandakake yen kawulo mau kawulo kang wuto peningal atine.
                Dene kapab mergawe iku ora kanthi mempeng, iku ora dadi ngopo. Lan ora nuduhake wutane peningal ati, kejobo yen banjur sembrono ono ing perkoro kang diperintahake dening Allah Ta’ala.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar