Selasa, 05 Juni 2012

Tetanggenan Marang Amal

من علامة الاعتماد على العمل نقصان الرّجاء عنح وجود الزّلل

"Tanda-tandane yen wong amal iku ngendelke-ngendelke amalae ya iku naliko dewekne nglakoni maksiat, nuli kurang pengarep-arepe marang rahmate Gusti Allah"

 Wong kang nindakake amal utowo ivadah iku mesti anduweni pengarep-arep marang Allah  ono ing hasile apa kang dadi tujuane. Kaya bisa selamet saking siksane Allah, diparingi biso kabukak atine utowo kasyaf lan liya-liyane. Nanging wong kang amal mau bisoho ojo kongsi ngendelke amal ibadahe. Sebab amal kang dilakono iku kang gawe lan kang mujudake ya iku Allah. Mongko kapan wong iku ngendelke amale, yen nuju kepleset-umpamane wong melaku- koyo kedlanjur maksiat utowo ninggalake opo kang wus dilakoni iku banjur sudo pengarep-arepe marang Allah. , kapan sudo pengarep-arepe bakal kendo olehe amal mau, suwe-suwe leren.


Dadi becike, wong ono ing amal bisoho nyawang yen ucapane, penggaweane iku kang ngubahake Allah, awake namung kanggo lapangan lakune Qudratullah, kawulo namung biso nyiapake karep amal, nyiapake lisane lan kabeh anggotane anjogo awak ojo kongsi melanggar anggerane Allah.

Ngendikane Syaarih :
Wong kang dadi murid tegese wong kang ngarepake wusul marang Allah iku kudu ngakeh-ngakehake amal bagus, kaya sholat fardho, utowo sholat sunnah lan ngakeh-akehake dzikir lan liya-liyane.
Wong kang tetanggenan marang amale iku rong golongan :
1. Golongan Ubbad tegese wong kang tekun ibadah
2. Golongan Murid tegese wong kang karep biso wusul marang Allah.
Golongan nomer siji iki podo tetanggenan amale ono ing perkoro mlebu suwargo, biso seneng-seneng ono ing sewargo lan selamet saking neroko. Golongan kang nomer loro podo tetanggenan amale ono ing perkoro biso wusul marang Allah, ilange perkoro kang nutupi ati hingga bisa ngerti opo kang ora dingerteni dening wong liyo. Biso oleh macem-macem wernanehal kang ono ing ati, biso hasil macem-macem ilmu mukasyafah lan macem-macem sir, tegese kahanan kang samar.  Tetanggenan kang macem loro iki karo-karone dipaido dening ulama ahli thoriqoh. Lan timbul saking nyawang awake tegese nganggep yen awake kang nglakoni amal kang akhire nimbulake tetanggenan amal mau. Yen wong wus makrifat marang Allah ora mengkono carane amal, deweke orang nganggep yen awake iku nglakoni amal-amal bagus, nanging deweke tansah nyawang yen kang nindakake amal iku Allah Ta'ala. Deweke podo neqodake lan nyawang yen awake iku namung dadi lapangan lahire penggaweane Allah.

Ono ing dawuh hikmah iki Kyai Mushonnif nerangake suwijine tanda kanggo kanggo ngaweruhi kedudukane siji kawulo ono ing bab ibadah setengah saking tandane yen wong iku isih ono ing golongan werno loro yaiku, naliko nglakoni kesalahan (koyo nglakoni maksiat, lali marang Allah, ninggalake wirid lan loya-liyane) sudo pengarep-arepe marang rahmate Allah. Yen golongan Ubbad sudo pengarep-arepe ono ing perkoro mlebu suwargo lan selamet saking neroko. Yen golongan murid sudo pengarep-arepe ono ing perkoro biso wusul marang Allah lan liya-liyane koyo kang katerangake ono ing ngarep.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar