Kamis, 25 Maret 2010

Babad Tuban


SEJARAHIPUN PARA BUPATI ING NAGARI TUBAN

Ingkang kadamel purwaning gitaya nalika panjenenganipun sang prabu banjaransari narendra binathara ing nagari pajajaran. Punika kagungan putra kathah, ananging ingkang badhe kula anggengering caritos wau : muhung para putra wayahing kang nedhakaken para bupati ing nagari tuban kemawon ayuranipun kados ing ngandhap punika :
1. Sang Prabu Banjaransari puputra den Arya Metahun.
2. Raden Arya Metahun puputra Raden Arya Randhu Kuning, punika lajeng lelana mangetan kanthi
palilahipun ingkang eyang prabu banjaransari, saring tindakipun prapta ing sakleripun ardi kelakwilis distrik Jenu (tuban) lerep wonten ing ngriku watawis dinten lajeng babad ara-ara nama srikandhi dumunung wonten ing sacelakipun ardi kalakwilis, tujuanipun badhe kinArya negeri.
Awit saking agenging karsanipun raden Arya randhu kuning sareranipun kapengen sanget ngasta pusaraning praja jumeneng dadya bupati.
Pambabadang ara-ara wau lami-lami lajeng dados praja kaparingan nami nagari lumajang tengah.
Raden Arya randhu kuning pindah asma kyai ageng (kyai ghede) lebelontahang ing lumajang tengah akArya gemah arjaning pangan. Para wadya alit boten kekirangan sandhang tedho, maesa lembu tanpa kandhan. Akeh durjana sami kethes wiwinnipun ingkang bupati.
Awit salugonipun kyai lebelontahang sekti mandraguna, saged manjing ajur-ajer, mancala putra mancale putri ing tyas pasthika, maneh, mahambeg budi ayu. Pamilo para abdi kathahipun sami ajrih asih, mituhu sapangrehipun. Kyai lebelonthang anggenipun ambawani praja lumajang tengah laminipun 20 tahun.
3. Kyai ageng lebelontahang kagungan putra kakung satunggal kadibyanipun anglangkungi ingkang rama asma raden Arya bangah (sanes Arya bangah putra prabu brawijaya).
Raden Arya bangah wau pinunjul ing warni kathah para wanadya ingkang sami kasmaran. Nanging sareng ingkang rama seda mboten karsa anggentosi saking karsanipun badhe yasa nagari piyambak. Pramila lajeng tindak mangidul. Para wadya punggawa sami ndherekaken. Sareng tindakipun dumugi ing ereng-erengipun redi rengel lerep sawatawis lajeng babad wana ingkang badhe kinArya nagari boten watawis lami dados praja. Kaparingan nami gumenggeng saking kawontenanipun negari gumenggeng ugi rahayu tanpa beda naring praja lumajang tengah menggah nagari lumajang tengah samangke dados dhusun nami dhusun bogang dhistrik jenu (tuban).
4. Raden Arya Bangah kagungan putra kakung satunggal asma raden arya dandhang miring. Ing ngarsana yayah hyang hyaning bawana sareng raden arya bangah anggenipun mangreh praja gumenggeng angsal 22 tahun lajeng seda.
Raden arya dandhang miring nalika sugengipun ingkang rama tansah anggenipun metu raga ing mangsa kala alelana ing unggyana ingkang samun muhung manages pamoring kawula gusti ingkang kaesthi benjing sathedak turunipun sageda dadya bupati prejurit serta nagari ingkang badhe karehaken wau widada ing salajengipun.
Saking sanget pamesuting raga temahan saged katarima sang hyang kaneka putra anedhaki awit ngemban sabda pangendikanipun sang hyang jagad pratingkah inggih punika : benjang saswautipun ingkang rama sariranipun boten kalilan jemeneng bupati wonten ing nagari gumenggeng, awit badhe boten saget kadumugen sedyanipun nanging kedah babad wana piyambak pemahipun ngaler ngilen, nanging praja wau muhung kangge sapanjenenganipun pribadi.
Wangsul benjang ya dayanipun kemawon punika ingkang kaweca saged andhatemi kados ingkang dados panuwunipun. Nanging sarananipun kedah babad wana ing papringan, yen sampun dados kedah kawastanai “Tuban”.
Awit kajawi badhe dados nagari ingkang kaloka ing tribawana. Ing wingking badhe dados asrama utawi pasarehanipun para wali utawi auliya saking tanah arab bilih sampun dumugi mangsakalanipun raden arya dandhang miring matur ngandikani. Sang hyang kaneka putra lajeng muksawa.
Pramila sareng ingkang rama, raden arya bangah seda.
Boten karsa jumeneng bupati nggentosi ingkang rama wanten praja Gumenggeng lajeng para wadya punggawa sami kadhawuhan babad wana ngaler ngilen. Wana ingkang kababatan wau nami wana Ance-ance. Sareng sampun dados praja kaparingan nami nagari Lumajang, menggah nagari Gumenggeng samangke dados dhusun nami dhusun “Gumeng” distrik Rengel (Tuban).
Raden Aryo Dandang Miring peputro kakung satunggal asma : R. Arya Dandang Wacono tuhu bagus ing rupi. Digdoyo mahambek wikutami mila lina ludan ing sasana.
Nagari Lumajang ugi saged ayem temterem, gemah raharja para wadya bala sami suka.
Raden Arya Dandang Miring jumeneng bupati Lumajang laminipun 20 taun lajeng seda.
Sak derengipun sedo sampun pareng wasiat pangandika dating ingkang putra R Arya Dandang Wacono supados anyungkemana punapa sasmithanipun sang hyang jagad pratingkah kados ingkang kawahya ing nginggil. Ingkang putra matur ngandhikani.
Pramila sareng ingkang rama seda, R. Dandang Wacana lajeng utusan wadya punggawanipun babad ing wana Papringan/mbok menawi ing wekdal punika wau wana katha tanemanipun pring-deling. Sareng sampun dados nagari kaparingan nami “Tuban”.
Sayektasipun kajawi netepi dawuh sasmitha neng jawatan, ing praja wau pancen katha sumberan ing toya. Toyanipun bening asrep, dados nami nagari tuban wau kenging kaweredenar (dipun tegesi) :
Tuban : Metu banyu = Tubaneja = Tuban.
Sajumenengipun R, Raden Arya Dandang Wacana ing puraksa Tuban, nagari katingan raharja. dateng wonten para dhurjana ingkang nundukaken ardaning cipta, pramila para punggawa samya su’ka ingkang dateng pepindah. Sareng anggenipun jumeneng bupati pikantuk 3 taun, lajeng yasa pasenggrahan, kanang kering kinubengan ing lepen miwah sendang sapinggiring sendang tinaneman kajeng gurdha maripit, pramila saged ayom asrih angresepteni.
Paanggrahan utawi sendang wau kaparingan nama Beti, punika saking wewancahaning tembang pangabekti awit bilih panjenenganipun Raden Arya Dandang Wacana angleresi cangkrama utawi ameng-ameng ing ngriku, para abdi karerehanipun lajeng sami sowan mangabekti, samangke wau pasanggrahan utawi ing dusun ngriku kasantunan bekti kaya Raden Arya Dandang Wacana, ugi lajeng gantos asma : Kyai Gedhe Papringan.
Anggenipun jumeneng bupati nagsal 30 taun lajeng seda, kasarekaken ing kali Gunting dusun Prunggahan (Tuban).
Wangsul pasarehanipun para bupati no. I, II, III, IV.
Sampun kula udi katranganipun mboten saged pinanggih.
Menggah nagari Lumajang samangke dados dhusun nami dhusun Banjar.
Amrih gampilipun pangetang milai Bupati Tuban ingkang sapisan dumugi pungkasan punika kula damel angka urut Jawi.
- Ingkang ngangge angka m= angka jawa ( 1) inggih punika Raden Arya Dandang Wacana (Kyai Ageng Papringan).
Awit punika ingkang murwani negari Tuban. Wondene para Bupati ingkang kasebat ing inggil (ngangge angka Romawi I dumugi IV). Punika naming kangge sesuruh purwaning carios. Dados ceceriosan saged turut, mboten nama jugag. Pramila sampun kalintu ing panampi.
 m(angka jawa)(1). Kyai Ageng Papringan peputra kaleh
1. Nyai Ageng Lamong Jaya
2. Nyai Ageng Ngeso.

- Nyai Ageng Lamong Jaya putra jaler satunggal asma Raden Arya Ranggalawe.
- Nyai Ageng Ngeso ugi peputra jaler satunggal asma Raden Arya Kebonabrang.
Angka loro jawa (2). Sasedhanipn ingkang eyang (Kyai Ageng Papringan) ingkang gumantos mangreh ing praja Tuban inggih punika ingkang wayah Raden Arya Ronggolawe.
- Raden Arya Ronggolawe sareng jumeneng Bupati Tuban dalem Kabupaten kapindah wonten ing sakilenipun Gowa Gabar. Praja Tuban ingkang asma Raden Arya Siralawe wau mbokmenawi Raden Buntaran awit putra pambajeng tur saged gumantos jumeneng Bupati.
Angka telu jawa (3) Raden Arya Ronggolawe seda ingkang putra Raden Arya Sirolawe gumantos jumeneng Bupati laminipun 15 tahun lajeng seda.
Angka papat jawa (4) : Raden Arya Sirolawe peputra kakung kakung satunggal asma Raden Arya Sira Wenang. Sareng Raden Arya Siralawe seda. Ingkang putra Raden Arya Sira Wenang gentosi ingkang Rama jumeneng Bupati laminipun 42 tahun.
Angka lima jawa (5) : Raden Arya Sua Wenang peputra Raden Arya Hena. Sareng ingkang Rama seda Raden Arya Hena nggentosi jumeneng Bupati laminipun ngantos 52 tahun. Ananging dalem Kabupaten lojeng kapindah ing kampung Sidomukti.
Peputra kakung satunggal asma Raden Arya Dikara.
Sasedanipun Raden Arya Hena. Ingkang putra R. Arya Dikoro gumantos jumeneng Bupati. Laminipun 18 tahun lajeng seda
- R. Arya Dikoro kagungan putra-putri kekalih
1. Raden Ayu Arya Teja
2. Kyai Ageng Ngreseh
- Raden Ayu Arya Teja wau kapundhut garwa dateng Seh Abdul Rohman putranipun Seh Jali = Seh Jalaluddin yai makam Dawa
Sareng Radedn Arya Dikoro kagungan putra mantu Seh Abdul Rohman, panjenenganipun inkang Bupati lajeng lumebet agama Islam
Angka 6 jawa (6) : sasedanipun Raden Ayu Arya Dikoro ingkang anggentosi jumeneng Bupati ingkang putra mantu Seh Abdul Rohman lajeng pindah asma Urep Teja. Jumeneng Bupati laminipun 41 tahun lajeng seda.
Angka jawa (7) : Raden Arya Teja kagungan putra kakung satunggal asma Raden Arya Wilatikta. Punika ingkang jumeneng Bupati anggegantosi ingkang Rama, laminipun 40 tahun lajeng seda.
- Raden Arya Wilatikta, peputra Raden Sahid, inggih Kanjeng Susuhunan Kalijogo.
- Angka jawa (8) : sasedanipun Raden Arya Wilatikta inking anggegantosi Bupati Tuban Kyai AgengNgreseh.
Sareng Kyai Ageng Ngreseh sampun jumeneng Bupati, lajrng krama angsal putranipun Raden Arya Wilatikta (dados kaprenah wayah kaponakan). Jumeneng Bupati 40 tahun lajeng seda.
Pot, ongko jowo nomer 9 orak ono
Angka jawa (10): Kyai AgengNgreseh peputra kakung setunggal asma Kyai ageng Batabang. Sasedanipun Kyai Ageng Gegilang Kyai Ageng Batabang nggentosi inking rama jumeneng Bupati laminipun 14 tahun lajeng seda.
- Angka jawa (12) kyai ageng batabang kagungan putro putra kakung satunggal asma pangeran arya balewot. Sasedanipun kyai ageng batabang ingkang putra-putra pangeran arya balewot ingkang anggentos jumeneng bupati laminipun 56 tahun lajeng seda.
- Angka jawa (13) pangeran arya balewot kagungan putro kakung kalih
1. asma pangeran sekar tanjung
2. asma pangeran ngangsar
sasedanipun pangeran arya balewot ingkang angentosi jumeneng bupati ingkang putra pambajeng inggih punika pangeran sekar tanjung.
Ngaleresi ing dinten jumuah pangeran sekar tanjung salat ing masjid sareng nembe rukuk lajeng kacidran kaprajaya saking wingking dene ingkang rayi pangeran ngansar, kalian wasiat dhuwung tilam upih ingkang ampuh nama kyai hayun
Pangeran sekar tanjung tatu ing gigir terus ing jaja lajeng seda menggah wau kyai hayun.
Pangeran sekar tanjungtatu ing gigir terus ing jaja lajeng teda/ menggal. Wau kyaihayun samangke taksih kasimpen kangge pusaka dhateng ingkang ngarang serat. Pangeran seka tanjung jumeneng bupati lamanipun 22 tahun kagungan putra kakung kekalih.
Asma : 1. pangeran arya pamalad
2. arya salempe
nanging wedal ingkang rama keda taksih sami timur.
Angka jawa( 14). Sesedanipun pangeran sekar tanjung, ingkang gumantos jumeneng bupati inggih ingkang rayi pangeran ngangsar. Sareng angsal 7 tahun lajeng seda.
Jawa maneh(15) : sesedanipun pangeran ngangsar ingkang gumantas jumeneng bupati pangeran arya pamalad.
Pangeran arya pamalad.
Sareng jumeneng bupati tuban lajeng krama angsal putri putranipun kanjeng sultan pajang. (raden jaka tingkir) laminipun ngasta pusaraning praja 38 tahun lajeng seda.
Pengeran arya pamalad kagungan putra kakung satunggal asma pangeran arya dalem. Nalika pangeran arya pamalad seda, pangeran dalem taksih timur.
Jawa MC(16) : sesedanipun pangeran arya pamalad ingkang gumantas jumeneng bupati ingkang rayi arya salempe, angsal 32 tahun lajeng seda.
Jawa MM(17) : sesedanipun arya salempe ingkang jumeneng dados bupati pangeran dalem. Ing ngriku dalem kabupaten lajeng kapindah ing kampung dagan sakidulipun watu tiban. Watawis tahun lajeng yasa masjid ageng banon. Serta iyasa beteng sajawining kitha, dumunung ing guwa ngabar ngetan trus mangidul.
Kacawes nalika pangeran dalem yasa beteng, waten ing satunggaling bagiyan ingkang dereng rampung garapan bagianipun kyai Muhammad asngari mudin mejagung asal saking cempa sareng kapirsan dening pangeran dalem, kyai Muhammad asngari lajeng kadhawuhan sageta inggal angrampungi garapanipun, bilih boten inggal rampung badhe tampi deduka ingkang sanget. Kyai Muhammad asngari wau nyandikani. Sareng ing wanci dalu kyai Muhammad asngari nutupi babakan hawa sanga. Mawasan sambadi (semadi) ening menuwundhateng gusti ingkang murbeng dumadi, beteng ingkang dados tetanggemanipun punika sageta inggal rampung.
- Kyai Muhammad asngari tuku kekasihing gusti (sukma) punapa panuwunipun katarim, sanalika katingal garapanipun beteng ingkang dereng rampung saged rampung, ten inggil anglangkungi garapanipun para narapraja ingkang sami pitung pakaryan yasa beteng.
- Pangeran dalem sanget rena ingalih dupi mariksani beteng wau. Pramila lajeng kaparingan nami beteng kumbokarna. Awit katingal ageng inggilipun beteng kados Raden kumbokarna.
- Kabar ing wekdal wau tetiyang ing nagari tuban sami sumerep.bilih kiyai Muhammad asngari waliya (pandita utama).
- Kacawis lami-lami kanjeng sultan ing mataram midanget pawarti bilih pangeran dalem bade mbalelo ing panjenenganipun. Awit katingal saking adeging deteng kumbokarno, pramila panjenenganipun kanjeng sultan ing mataram lajeng utusan prajurit wasta kyai randu watang, lelampah sandi ing nagari tuban.
Saklebeting lampah sandi, kyai randu watang lajeng nancapaken wit randu wana abang kangge cagak karang pandu wana abang terus sami gesang. Kasebut serat purwalelono wit randu wana wau agengipun dateng patimbang satanah jawi boten wonten ingkang nyameni, dumeneng ing kampung kajengan kito tuban ananging sampun 50 tahun ngantos sapuniko sampon rebah.
Lampahipon kyai randu watang ugi pakentok katerangan kaliyan nyoto bilih pangeran dalem bade ambalelo ing ratu. Pramilo kyai randu watang lajeng enggal wangsul caos udani dateng mataram.
- Kanjeng sultan pareng mireng aturanipun kyai randu watang sawek duko,lajeng utusan prajurit wasto pangeran pojok, kinanthenan wadiyo punggawa 1100 angluruk ing nagari tuban.
- Pangeran dalem sireng mireng kabar manawi badhe winep ing ripu lajeng mepak wadya prajurit ang jagani dateng ing mingsah. Sareng pangeran pojok sakwadyanipun dateng lajeng cambok perang.
Milahi tiyang tuban unggul yudhanipun ananging dangu-dangu seser ing yudha, awit karoban tanding. Pangeran dalem lajeng lolos mangetan ing pulau bawean nanging boten lami lajeng tindak ing dusun rajekwesi dereng dadi nagari. Awit taksih karding nagari japang (jipang panolan).
Angsal 5 tahun lajeng sedo kasarekaken wonten ing kampung kadipaten kapernah ing sak wetanipun kabupaten bojonegoro. Ngantos sak punika pasarehan wau katelas nami buyut dalem.
Sak bedhahipun nagari tuban wasiat meriyem nami kyai sido murti ingkang wonten ing kepahdhendheng (kamung sidomukti) lajeng musno tanpa krana. Sarta pangeran pojok lajeng utusan caos atur ing mataram, bilih nagari tuban sampun bedhah bupatinipun lolos. Saking pangandikanipun ingkang sinuwun kanjeng sultan pangeran pojok anggantosi jumeneng bupati ing tuban.

Jawa maneh(18) : lestantun pangeran pojok jumeneng bupati, ngeleresi ing dinten grebek mulud tahun dal. Para bupati sak tanah jawi sami sumiwi ing mataram.
Pangeran pojok ugi cumaos nanging sareng tindak ipun dumugi ing kitho blora, gerah kedadak lajeng sedo. Hayun kasereaken wonten ing sak kidulipun alun- alun blora.
- pangeran pojok jumeneng laminipun 42 tahun. Sasedanipun pangeran pojok putra taksih sami timur puniko boten saged anggantosi ingkang romo.

Jawa maneh (19): ingkang anggantasi jumeneng bupati rayinipun pangeran pojok wasta pangeran anom, pikantuk12 tahun lajeng kaleseh aken saking mataram. Salesehipun pangeran anom, lajeng katanemah umbul kemawon ing wekdal wau ing nagari tuban lowong boten wonten bupatinipun. Wandening umbul wau 4 pangeran inggih punika :
-. Wongsa praja : manggen wonten ing jenu.
-. Wongsa tika : manggen wonten ing genik.
-. Wongsa cakra : manggen ing kidul ardi.
-. Yudha patra : manggen wonten ing singgahan.

Jawa maneh(20): mboten lami lajeng dipun gantosi bupati saking mataram wasta : arya balabar inggih arya blender. Dalem kabupaten lajeng pindhah ing kampung kaiban. Saprenah sakidulipun kuburan ipun kyai kuteg, angsal 39 tahun lajeng seda.
Jawa maneh(21): sasampunipun arya balabar lajeng dipun gentasi dhateng pangeran sujinopura bupati japar (mojokerto) dalem kabupaten lajeng pindhah ing dhusun prunggahaan. Pengaran sujinapura jumeneng bupati laminipun 10 tahun lajeng seda, kasarekaken ing dhusun butuh.

Jawa maneh(22): pangeran sujino pun kagungan putra kakung satunggal wasta: pangeran yuda nagari sasedanipun ingkang rama, pangeran yuda nagara ingkang gumantas jumeneng bupati laminipun 15 tahun. Lajeng seda ing giri layon kasarekaken ing giri.

Jawa maneh(23): sasedanipun pangeran yudanagara ingkang nggantasi jumeneng bupati raden arya sura hadiningrat bupati saking pekalongan. Raden arya sura hadiningrat jumeneng bupati angsal 12 tahun lajeng kaumuh datheng raden arya diposina, kanthi tiyang madura wasta kyai manglih jaya, raden arya sura hadiningrat seda.
Jawa maneh(24): sasedanipun raden arya sura hadiningrat, raden arya diposino ingkang ganthosi jumeneng bupati ing tuban Angsal 16 tahun lajeng prang kaliyan tiyang madura wonten ing dhusun sikul (sedayu). Raden arya diposino sambut ing nggadilaga, seda kasarekaken ing dhusun sikul ugi.
Jawa maneh (25): sasedanipun raden arya diposino ingkang gantosi jumeneng bupati inggih punika pepatihipun wadya : kyai reksa negara. Saring rampung jumeneng bupati lajeng pindah asma kyai tumenggung cakranegara. Sareng jumeneng bupati angsal 37 tahun lajeng seda, kasarekaken wonten ing dhusun dagangan distiksinggahan (tuban). Saking lami saha kathah jasa utawi kasananipundhateng nagari kapareng sesebutan adi pati.
Jawa maneh (26): sasedanepun kyai adi pati cakranegara ingkang gentosi jumeneng bupati ingkang putra kakung wasta : kyai purwanegara. Sareng angsal 24 tahun lajeng perlap ing demak, awit gerah boten watawis lami seda kasarekaken ing demak ugi. Saking tetambungan perlop wau bangsakita jawi anggranipun mastani lajeng ewah dados pelop. Tumenggung perlop ewah dados tumenggung perlop.
Jawa maneh(27): sasedanipun kyai purwanegara (tumenggung pelop) ingkang gentosi jumeneng bupati kyai adi pati lidder sura hadi negara, jumeneng angsal 3 tahun lajeng seda.
Jawa maneh (28): sasampunipun kyai adipati lidder sura hadi negara ingkang gumantos jumenengbupati putranipun kakung, wasta raden surya hadi wijaya ( raden tumenggung surya hadi wijaya), angsal 12 tahun lajeng leseh.
Jawa maneh (29): sajengkanipun kanjeng pangeran citrosoma ingkang kaping VI, ingkang gumantos jumeneng bupati kanjeng pangeran citrosoma VII (saking tuban, citrosoma kaping II) angsal 20 tahun lajeng seda.
Jawa maneh (30): sasedanipun kanjeng pangeran citrosoma ingkang kaping VII ingkang gumantos jumeneng bupati raden adipati citrosoma ingkang kaping VIII(kapetang saking bupati tuban citrosoma kaping III). Angsal 30 tahun lajeng pensiun(seda sinareakem ing majaagung).
Jawa maneh (31): salesahipun raden adipati citrosoma ingkang kaping VIII ingkang gumantos jumeneng bupati raden tumenggung panji citrosoma ingkang kaping IX(kapetang saking tuban citrosoma kaping IV) angsal 22 tahun lajeng pensiyun, ugi lajeng seda sinarekaken ing majaagung.
Jawa maneh(32): Salerehipun Raden Tumenggung Citrasoma ingkang kaping IX, ingkang nggentosi jumeneng Raden Mas Tumenggung Somabrata (1892) angsal 4 wulan lajeng seda, kasarekaken ing daganipun astana Kanjeng Susuhunan Bonang.
Jawa maneh(33): Sasedanipun Raden Mas Tumenggung Somabrata ingkang gentosi jumeneng Bupati ingkang putra mantu Raden Adipati Arya Kusumadigda (1893) angsal 16 tahun lajeng seda kasarekaken ing astana makam Pathi (Tuban)
Jawa maneh(34); sasedanipun Raden Adipati Arya Kusumadigda ingkang nggentosi jumeneng Bupati ingkang rakawaasta Raden Tumenggung Pringgowinoto (patih Rembang) 1911 saha nalika dinten Sabtu Wage tanggal 11 Oktober 1911 seda kasarekaken ing makam Pathi Tuban lajeng kegantos putranipun wasta : R.T. Pringgodigdo (Ing sarehning ing nagari Tuban sampun angsal 35 jumenengan Bupati mbokmanawi satanah Jawi boteen wonten ingkang nyameni lulusing nagari kados ing praja Tuban. Lan malih tahun 1920 ing nagari Tuban malahi kelampahan seprur NIS ingkang makaten wau mahanani bilih saya lami nagari tambah arja. Lajeng saged amjakrabawa, bilih nagari Tuban badhe saged widada salami-laminipunsarta saged kagagas sarana alusing budi benjing akuripun dalem karesidenan Rembang saged dumunung wonten ingTuban.
Awit sapunika sampun kawistara senening praja saged anggandeng wahyuning kadrajadan nanging sadaya wau taksih kawengku wonten …….. Gusti.
Kita masnungsa mboten kenging ambuka kekeraning bawana. Punika awisan ageng tumrap datheng ingkang (atuni meragukan ?) kasunyatan. Dados panyakrabawa kula ingkang kasebut ing nginggil wau nama katlajeng. Boten langkung nyuwun samodra gung pangaksamanipunpara maos.

= sapunika kula badhe nerusaken ceceriosan utawi dedongengan, mirit saking wewaton dhuku utawi mirengaken saking ceriosipun bapa kula nami Mas Ngabehi Prawirareja mantri Guru ing Tuban.
Nalika taksih gesang kawontenanipun saged mangun pramila lajeng kula terangaken kados ing ngandhap punika.

= Bab pasareyanipun para auliya tuwin para leluhur ing nagari Tuban ingkang sinare ing astana Kauman.

1. 1. Ingkang kilen-kilen Kyai Ageng Maloko raka ipenipun Kanjeng Susuhunan ing Bonang.
2 Kanjeng Susuhunan Bonang
3 Kyai ageng Gegilang (Bupati Tuban angka 10)
4 Kyai Ageng Batabang (Bupati Tuban angka 11)
5 kyai ageng Ngreseh (Bupati Tuban angka 9)
6 Pangeran Arya Balewot (Bupati Tuban angka 13)
2 Ingkang sinare ing astana Majapahit (ingkang sisih kilen)
1. Syeh Muhammad Asngan (modin mejagung ingkang kasebut Kumbakarna kala panjenenganiun Pangeran dalem Bupati Tuban angka 17) punika Muhammad asngari putranipun seh Mahmudil Kubra ing nagari Palembang, lajeng kapundhut putraning Sang Prabu Ceangkaradewa, ratu ing nagari Cempa. Datengipun Seh Muhammmad Asngari ing tanah Jawi sesarengan kaliyan putra Cempa wasta Raden Arya Abu Hara Herah inggih Kyai Ageng Kapasan (Surabaya) dalah gawe putra.
2. Syeh Ngabdul Rohman inggih Kanjeng Susuhunan Majagung (putra ratu Cempa).
3. Nyai Ageng Pambayan (garwa ratu Cempa).
4. Kyai ageng Panengah (putra ratu Cempa).
5. Kyai Ageng Waruju (putra ratu Cempa)
3. Ingkang sinare ing Majagung tapakan.
- 1. Pangeran Pangula
- 2. Kebayan Tuhu
- 3. Kayi Sudi Moro.
4. Ingkang sinare ing astana Kajongan
- 1. Raden Arya Teja (Bupati Tuban angka 7)
- 2. Raden Arya AyuTeja (garwa Bupati Tuban angka 7)
- 3. Raden Arya Panular inggih Raden Arya Dikoro (Buapti Tuban angka 6)
- 4. Nyai Ageng Manila (ingkang Ibu kanjeng Susuhunan Bonang)
- 5. Kyai Ageng Rondho Koto (ingkang mbakyu kanjeng Susuhunan Bonang.
- 6. Kyai Ageng Ngadusi.
- 7. Kyai Ageng Marwati.
- 8. Kyai Ageng Gusnujah.
- 9. Kyai Ageng Wonopolo.
- 10. Kyai Ageng Batulare.
- 11. Raden Arya Ronggolawe (Bupati Tuban angka 2).
- 12. Raden Arya Sirolawe (Bupati Tuban angka 3)
- 13. Raden Arya Sirawenang (Raden Arya Wenang, Bupati Tuban angka 4)
- 14. Raden Arya Hena (Bupati Tuban angka 5)
5. Ingkang sinare ing makam dawa kampung Sidomukti.
- 1. Syeh Jali, inggih Syeh Jalaluddin
6. Ingkang sinare ing cungkup makam Agung (makamagung) punika wonten tiga :
1. Cungkup ingkang kilen Syeh Maulana Madhuler asal saking nagari Pace (Cempa).
2. Cungkup ingkang tengah Syeh Maulana Madumayang saking nagari Palembang.
3. Cungkup ingkang wetan Syeh Maulani Mayang Mekar sadherekipun Syeh Maulana Madu Mayang.
Tigo-tigone wau sami sak Bupatipun kanjeng Susuhunan Bonang.
- Ingkang sinare sangadhaping lajeng imba, punika She Prang Wadana.
7. Ingkang sinare ing astana Panyuran
- Nyai Ageng Manyura, putra kanjeng Susuhunan Ngampel ingkang mbakayu kanjeng Susuhunan Bonang.
8. Ingkang sinare ing astana Gresik, distrik Rembes.
- 1. Syeh Ibrahim asmara saking nagari Cempa ingkang eyang kanjeng Susuhunan Bonang.
9. Ingkang sinare ing astana Benthongan Syeh Abdul Satari inggih pangeran Pagerwarih dalar ingkang garwa.
10. Ingkang sinare ing astana Penitikan dhusun Brondongan (Baturetno). Raden Jaka Mukri ran/rarji Kanjeng Susuhunan Kudus.
11. Ingkang sinare ing pasareyan Tunadhung Miruh (Klamber) inggih punika Raden Gagar Manik putranipun kanjeng sultan ingkang kaping 2 ing Mataram.
12. Ingkang sinare ing Gedong Maulana (majagung ler)
1- Syeh Maulana Ishak.
2- Ingkang garwa.
13. Ingkang sinare ing Kaligunting, dhusun Prunggahan inggih punika Kyai Ageng Papringan (Bupati Tuban angka 1).
14. Ingkang sinare ing Gedong dhusun Gedondong (Gedhongombo).
1- Syeh Lemahbang Warindhik.
2- ingkang garwa putranipun Kyai ageng Tegalombo.
15. Ingkang sinare ing astana Atas angin (Geddhongombo).
- 1. Cungkup ingkang ler wetan ; prabu Brawijaya Pamungkas.
- 2. Cungkup ingkang wetan pangeran atas angin.
16. Ingkang sinare ing Gedong Pekuncen (Brondongan) nami Raden Ayra Dewa Brata putra kanjeng sultan Pajang.
17. Ingkang sinare ing Kajaranom Sleko (Sukolilo) Syeh Mahmud ; ngulama saking Pajang.
18. Ingkang sinare dhateng Pasekan. Nyai ageng Ganggeng putranipun kanjeng susuhunan Ngampel.
19. Ingkang sinare ing Pasareyan Kampung Kangkung Kidul wonten 3;
- 1. Cungkup ingkang kilen : kyai Somawiyah.
- 2. Cungkup ingkang tengah ; Kyai Maron.
- 3. Cungkup ingkangkidul ; Kyai Mahmud.
20. Ingkang sinare ing makam Pathi (kebon sari) putra saking Pati wasta raden Surangga nyahabat dhateng Susuhunan Bonang.
21. Ingkang sinare ing makam Kusen kampung kaibon punika juru seratipun prabu Brawijaya pamungkas, wasta Raden Sabter.
22. Ingkang sinare dhateng dhusun Prunggahan (sakidulipun mejagung tapukan ) punika Raden Barat Katiga.
23. Ingkang sinare ing sajawaning astana Kanjeng Sunan Bonang : Pangeran arya Pamalad (bupati tuban angka 15).
24. Ingkang sinare ing Tanjung Awar-awar distik Jenu (tuban).
1. Syeh Fakir Miskin
2. Dewi Absaranyah (Putra Kajeng Sultan banten )
25. Ingkang sinare ing dhusun kegsah (suko lilo) punika Pangeran andong wilis asal saking padangan (madura)
26. Ingkang sinare ing cungkup kaluntu distrik jenu sayid idris amad ibnu khajar, saking nagari ngadar.
 -. Cungkup ingkang kidul : kyai ageng sawo sarimbit putra sunan ngampel.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar